Terapi autis - Wikipedia


Terapi autis - Wikipedia

Miturut Dr. Erwin Kusuma SpKJ, saka klinik ProrevitalJakarta ngandharake yèn terapi lumba – lumba iki wis ora dadi kawruh anyar tumrap Nagara Amérikah Sarékat.[3] Wiwit taun 1978, metode iki wis dingrembakakake déning Dr. David Nathanson, Ph.D, Psikolog sing wis mumpuni babagan lumba – lumba sawatara 30 taun.[3]Dr. Ken Marten, ilmuwan di Earthtrust, Hawaii, Amérikah Sarékat, ngandharake yèn lumba-lumba bisa renang kanthi banter, punjul 40 km per jam.[3] Kéwan iki bisa ngirimke rentetan sinyal ultrasonik kanggo ndeteksi barang sing ana ing sakupenge.[3] Lumba-lumba uga duwé polo kang luwih gedhé saka simpanse utawa kethèk, saéngga dhèwèké kagolong kéwan kang cerdas.[3] Dr. Nathanson ngamati lan neliti nalika manungsa lan lumba – lumba srawung.[3] Psikolog sing uga bukak terapi ing Ocean World, Fort Lauderdale, Florida, Amérikah Sarékat iku purwakane menstimulasi panca indra bocah sing ngalami down syndrome kanthi ngajak renang bareng lumba – lumba.[3] Kasil saka ayahan mau, anak bisa nampa stimulasi lan mènèhi respon.[3] Saya suwé, lumba – lumba ora mung dienggo tumrap bocah down syndrome utawa autis baé, nanging uga bisa kanggo wong tuwa kang ngalami gangguan FundaMendasar lan sensor saraf indra.[3] Lumba – lumba bisa didadèkaké piranti amarga bisa srawung klawan manungsa.[3] Kasil panalitèn Vilchis Quiros saka medical Director Aragon Aqurium, Mexico City, meksiko, nalika srawung klawan lumba – lumba hormone endorphin ing badan manungsa bisa nambah.[3] Perkara iki ndadèkaké keseimbangan antarané polo kiwa lan polo tengen.[3] Gelombang ultrasonic kasil stimulasi suara – suara utawa sonar saka lumba – lumba bisa ditampa sampurna déning manungsa.[3] Marketing Wesut Seguni Indonésia (WSI) Ferry Panjaitan nalika press tour Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Jawa Tengah, uga ngandarake yèn lumba – lumba duwé gelombang sonar saraf sing bisa nglantarake gelombang alfa lan mènèhi stimulus kanggo terapi panyandang autisme, stroke, lelara saraf motorik lan terapi ibu hamil.[2] Kanthi kaluwihane mau, lumba-lumba iki bisa mendeteksi pérangan sing lara kanthi naluriah liwat monconge.[2] Aktivitas sensori anak bakal dirangsang nalika renang ing jero kolam bareng lumba – lumba.[2] Banjur bocah mau bakal dikenalke kanthi renang bareng, ngoceki awake lumba – lumba lan mènèhi mangan kéwan laut mau.[2]Public RelationsDhyta Rindy Astuti mratelakake, polah anak bakal rubah nalika wis mèlu terapi sasuwéné kaping enem.[5] Dhèwèké uga mratelakake yèn pulihe bocah kang nandang autis mau, saliyané kudu rutin mèlu terapi uga mbutuhake panjurung saka wong tuwa kang tansah damping nalika bocah mau diterapi.[5]

Sajatiné bocah kang nandang autis iku bisa ditambani.[6] Nalika pengetan dina Peduli Autis Sedunia ing jakarta Dr. Melly Budiman SpKJ saka Yayasan Autisma Indonésia ngandharake yèn autis isih duwé praduga bisa dipulihke, dinuga Autis iku ora mung amarga factor genetic nanging uga factor lingkungan.[6] Kanggo terapi lumba – lumba iki, miturut Dr. Endang Sumaryati, ana program 10 dina.[3] Ya iku nalika bocah wis dimangerteni kasile rekan medic, bocah mau diwajibke teka sepuluh dina kanthi runtut.[3] Dina sapisan nganti katelu diisi kanggo ngenalke lumba – lumba marang bocah.[3] Bocah durung diwènèhi ijin kanggo nyemplung bèji.[3] Bocah mung bisa ngelus – elus lumba – lumba saka pinggir kolam.[3] Nalika ngancik dina kapapat nganti tekan sepuluh dina, bocah diajak renang bareng mapersoalan sijining lumba – lumba. Sawisé sepuluh dina, banjur dievaluasi kasile terapi.[3] Saka evaluasi mau, bisa dimangerteni rencana terapi sabanjuré tumrap bocah lan uga jinis utawa interaksi lanjutan.[3]

Terima kasih telah membaca situs kami Terapi autis - Wikipedia. Silahkan bagikan secara beretika.
Sincery Pendidikan Autis
SRC: https://jv.m.wikipedia.org/wiki/Terapi_autis

powered by Blogger News Poster

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Terapi Autis dengan Lumba-lumba

Terapi Gelombang Otak (Brainwave) Untuk Anak Autis Halaman 1 - Kompasiana.com

Warga Protes Keberadaan Rumah Terapi Autisme di Gresik, Ini Alasannya